Berita & Artikel

Berita & Informasi
Desa Rakitan

Update terkini seputar kegiatan dan informasi desa

Detail Berita

Legenda Dan Sejarah Desa Rakitan

26 Agustus 2016
Clasnet
54 Kali Views

Ana kidung kekidungane ingkang babad bukak sembung senggani adeging Desa Rakitan. Du king nguni ana perang ageng antawisipun Prajurit Mataram kaliyan Prajurit Banjar watu lembu, prahara dumadining tempur sing atawur. Singa Lena Singa Sirna ngemas prapteng praloyo, ing papan kasebat Tempuran.

Kocap Kacarita satunggaling abdi dalem lan Prajurit Mataram ingkang ngangge nami samaran Ki Sekati kalian Ni Sekati, mlanjar nggendring sipat kucing tlonjong mimis mengaler arah playunipun, ngetut ilining lepen Merawu sampun tebih playunipun. Tiyang kalih wau lajeng minggah saking lepening lepen Merawu sedyo ngaso amargi kraos sayah lan ngelak. Lajeng pados sumber tuking toya kabendung, ka batur ingkang sedyanipun badhe siram lan minum. Namung wonten keelokaning alam bilih toya belik kolowau warnanipun ungu. Pramilo Ki Sekati sekalian Ni Sekati ngendika bilih mbenjang, Rejaning jaman papan mriku kasebut dukuh Batur Siwungu.

Sasampunipun ngunjuk lan siram Ki Sekati kalian Ni Sekati lajeng nerasaken lampah kanthi pangajap mugi saged kepangging jelmo manungsa agenging klompoking warga. Minggah lampahipun dumugi papan rata jembar ingkang kebak taneman taneman pala gumantung, pala kapendem, pala kasimpar, sanes taneman hutan namung taneman kebon. Pramilo mbenjang ing rejaning jaman papan mriku kasebut Kebon Gede.

Ki Sekati kalian Ni Sekati ngaler arah lampahipun , kacarios Ni Sekati selebete lumampah nutuari nggarap sari ngantos tumetes ruhipun wonten sanginggiling, selo ngantos ketinggal betipun mbenjang papan mriku kasebut Tabetan. Amargi saking tumetesing rahi punika, papan ing mriku bade dados papan ingkang sangar lan angker.

Anggenipun lampah Ki Suketi kalian Ni Suketi katungka bade suruping surya, pramilo suasana bade dados peteng. Kala dikung ngendika suasana dados peteng jumbling, pramilo papan mriku kawastanan Njumbleng.

Anggenipun lumampah amargi sampun sumuruping surya Ki Suketi kalian NI Suketi tansah mengalih kapan saged kepanggih jalma manungsa utawi klompoking warga. Pramilo sekedap mlampah sekedap lenggah kendel wonten ing kayu aking ingkang sami rubuh kanthi lampah tansah kejlarang, pramilo papan mriku bade katelah nami Sibugel lan Jlarang.

Sasampunin lenggah amarga sampun sumuruping surya Ki Suketi kalian Ni Suketi lon alon nerasaken lampahipun nurut sanginggiling lepen anusup ngayan alas ri bandil be bondolan. Curah, curug papan wingat kepingit dipun ambal lan liwati. Lajeng Ki Sekati kalian Ni Sekati ngendika papan mriku bade kasebat tlatah Curug lan Pingit.

Kocap kacarita, Ki Suketi kalian Ni Suketi anggenipun lumampah sampun ndungkap tengahipun ndalu tumuruning jawah grimis ngrewiwis ndadosaken penggalih lan nelongso. Nelongso dateng ingkang moho kuwoso, salebating nelongso dumadak perso remeng-remeng selo ageng hangregemeng. Saya caket saya caket lampahipun Ki Suketi kalian Ni Suketi sereng dumugi ing selo ageng wusono sangandape selo ageng wau saged kangge ngeyub mayugi anggenipun kudanen. Ki Suketi kalian Ni Suketi nunten ngendika ingkang kawijiling lesan selo ageng ingkang saged kangge nyeyub mayugi naliko udan lan panas, pramilo ing rejaning jaman bade kawastanan nami Watu Payung.

Komentar

Tinggalkan Komentar

Captcha

Peta Wilayah Desa

Buka Peta

Peta Lokasi Kantor